Profil
OPO TUMON
JEBULE ORA KATUT
Saben esuk anakku lanang sing jenenge Yosa mesti melu aku mangkat sekolah numpak motor. Anakku sekolah ana ing SD Kanisius Brana Weleri, rikolo kuwi kelas 3. Ning kalodangan esuk iku koyo biasane arep mangkat sekolah, amargo wektune wis ngancik jam 06.45 aku rada kesusu ngajak Yosa.
“Yos, ayo cepet wis awan ki !”
Aku nyeluk anak lanang sing isih ono njero omah. Anakku wis metu soko ngomah wis cedak karo motorku. Sak ngertiku anakku wis numpak motor, age-age aku ngegas motor terus mlaku menyang sokolahan.
Bareng wis tekan sekolahane anakku aku ngomong. “ Yos, ndang medun iki wis tekan !” e..... jebule anaku ora katut melu aku. Amarga ngerti yen Yosa ora katut, ceper-cepet aku mbalek klepat metuk anakku. Wis ora karu-karuan pikiranku, aku ngebut marani akku. Ning tengah dalan aku ketemu anakku wis numpak becak karo nangis ngguguk. Aku terus ngetutke ning mburine nganti tekan sekolahane anakku.
Bareng tekan sekolahan, anakku wis telat mlebu kelas, banjur aku matur karo kepala sekolahe jenenge Pak Juweni. Krungu critane sing tak aturke pak Juweni ngguyu kepingkel-pingkel karo ngelus-ngelus sirahe anakku.
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355
Langganan:
Postingan (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar